UPACARA NGUNDHUH MANTU
ING DESA CANGGU KECAMATAN BADAS
KANGGO NYERAHAKEN TEMANTEN WADON
Dening:
Kelas
XI-IPS 5/Kelompok 3 :
1.
Bara Fakhruddin (08)
2.
Defi Kurniasari (10)
3.
Fennichya Krisnawati Z. (15)
4.
M. Dhanu Lubis (26)
5.
Yanna Febriana (37)
UPTD SMA NEGERI 1 PARE
2015ATUR PANGIRING
Puji
syukur kula aturaken dhumateng Gusti Allah ingkang maha kuwaos, lan junjungan
kita Nabi Muhammad saw. amargi limpahan rahmat lan hidayahipun kelompok kita kanugrahan
semangat lan kelancaran saengga saget ngrampungaken makalah upacara ngundhuh
mantu menika. Pangucap matur nuwun kula aturaken shumateng:
1.
Bu Dhita Candra Astari ingkang sampun mbimbing kalompok kita saengga
saget ngrampungake makalah niki.
2.
Ibu Marianik kang dados informan kita.
3.
Tiang sepuh kita ingkang sampun maringi wekdal saengga bisa nggarap lan
ngrampungake niki makalah.
4.
Kanca-kanca ingkang ndukung lan nyemangati, lan anggota kelompok kang
bisa kompak lan kerjasama nggarap niki makalah.
Menawi
reroncenipun makalah punika wonten ingkang kurang mathuk, kita nyuwun kanthi
ridhoning manah, dipun leresaken supados genah. Mugi-mugi makalah menika saged
manfaat ingkang kathah dhumateng para pemaos sedaya. Amiin..
DHAFTAR ISI
Judhul Makalah
Atur Pangiring
Dhaftar Isi
BAB 1 (PURWAKA)
A.
Landhesan
Panliten
B.
Undere Panliten
C.
Tujuwane
Panliten
BAB II (ANDHARAN PANLITEN)
1.
Tegese Upacara
Adat Ngundhuh Mantu
2.
Tata Carane
Upacara Adat Ngundhuh Mantu
3.
Ubarampe Upacara
adat Ngundhuh Mantu
4.
Makna Simbolis
Tata Carane Upacara Adat Ngundhuh Mantu
5.
Makna Simbolis
Ubarampene Upacara Adat Ngundhuh Mantu
BAB 111 (PANUTUP)
- Dudutan (Kesimpulan)
- Pamrayoga (Saran)
LAMPIRAN
Gb 1.1
Gb 1.2
Gb 1.3
Gb 1.4
Gb 1.5
Dhaftar Pustaka
BAB
I
PURWAKA
A. Landhesan Panliten
Ngundhuh mantu yaiku perangan saka tembung jawa, ngundhuh (njupuk) lan mantu (temanten wadon).
Makalah iki milih tema ngundhuh mantu amarga ngundhuh mantu iku salah sawijine
budaya ing tanah Jawa lan supaya ngerti apa sejatine tegese ngundhuh mantu iku,
kepriye reroncene adicara ngundhuh mantu, apa wae ubarampe kang digunakake, lan
liya-liyane kang ana hubungane kaliyan upacara adat ngundhuh mantu. Miturut
judhul makalah iki yaiku “NGUNDHUH MANTU ING DESA CANGGU KANGGO NYERAHAKEN
TEMANTEN WADON” kapilih tlatah panliten ing desa Canggu amarga desa Canggu
cedhak saka papan panggone para panliti.
B.
Undere Panliten
1.
Apa
tegese upacara adat Ngundhuh Mantu?
2.
Kepriye tata carane upacara adat Ngundhuh Mantu?
3.
Apa wae ubarampene upacara adat Ngunduh Mantu?
4.
Kepriye makna simbolis tata carane upacara adat Ngundhuh Mantu?
5.
Kepriye makna simbolis ubarampene upacara adat Ngundhuh Mantu?
C. Tujuwan
Panliten
1.
Kanggo ngandharake tegese upacara adat Ngundhuh Mantu.
2.
Kanggo ngandharake tata carane upacara adat Ngundhuh Mantu.
3.
Kanggo ngandharake ubarampene upacara adat Ngundhuh Mantu.
4.
Kanggo ngandharake makna simbolis tata carane upacara adat Ngundhuh Mantu.
5.
Kanggo ngandharake makna simbolis ubarampene upacara adat Ngundhuh Mantu.
BAB
II
ANDHARAN PANLITEN
1. Tegese
Upacara Adat Ngundhuh Mantu
a.
Miturut Ibu Marianik Ngundhuh mantu yaiku wong tua saka temanten wadon
masrahake anake menyang besane utawa wongtua saka temanten lanang. Tujuwane
yaiku supaya temanten ngrasa seneng lan supaya para tangga lan sedulur saka
temanten lananag padha ngerti lan kenal marang temanten wadon. Ngundhuh mantu
padha kaya sepasaran temanten. (21 September 2015:14.30)
b.
Miturut saka internet Ngundhuh mantu yaiku upacara kang dilakoni khusus
kanggo wongtua temanten lanang, kanthi cara nekaake temanten lanang lan wadon
ing omahe temanten lanang, biasane diadaake 5 dina anak lanange iku mau manggon
ing omahe mertuane wiwit dilaksanaake simahe, kanggo gawe gentenan diadakne ing
omahe wongtuane (wongtua temanten lanang) tujuwane yaiku ngenalne temanten
marang kaluwargane lan wujud rasa syukur amarga entuk mantu kang dikarepake.
2. Tata
Carane Upacara Adat Ngundhuh Mantu
1)
Nyerahake putra temanten
saka kaluwarga temanten wadon menyang
kaluwarga temanten lanang. Nyiapake : slindur, gepyokan,
sangsangan sekar melati dan tirta suci 2 cangkir, kang diselehake ing beri/baki.
2)
Wisuda Tali Darma, yaiku
wongtua saka temanten nyanggupi yen anake wis siap mbangun rumah tangga. Tata
carane yaiku:
a. Temanten lan rombongan melbu ing anggone upacara kelawan gendhing
Ladrang Wilujeng utawa Kebo Giro.
b. Upacara diwiwiti kelawan Gepyokan, nganggo sapu cilik sikile
temanten disapu karo ibune temanten lanang. Nanging biasane adicara iki ora
digawe utawa dilancangi.
c. Ibune temanten lanang ngelap sikile temanten nganggo banyu, biasane
nganggo cara ngguyang banyu saka kendi neng ndhuwur lengser utawa alat apa kang
wis disiapne. Kadang adicara iki ya ora dienggo. Sawise iku, temanten di keki
ngombe banyu putih, wongtuane kang nyekeli gelase.
d. Sinduran, yaiku temanten digaweake kain utawa slendang ing gegere, 1 kain kanggo
sapasang temanten..
e. Banjur bapake temanten lanang nggawekne keris marang anake. Yen temanten
ora nganggo klambi adat jawa, adicara iki bisa dilancangi
3)
Bebarengan
kelawan adicara iku, ditembangke kidungan Rerepan Sekar Pangkur Gedhong
Kuning laras pelog pathet barang.
Pangkur Gedhong Kuning#
“singgah-singgah kala singgah, pan suminggah durga kala sumingkir, sing asirah sing asuku, sing awulu, sing abahu, sing atenggak kalawan buntut, sing atan kasat mata, mulia ing asal neki”.
“singgah-singgah kala singgah, pan suminggah durga kala sumingkir, sing asirah sing asuku, sing awulu, sing abahu, sing atenggak kalawan buntut, sing atan kasat mata, mulia ing asal neki”.
4)
Temanten lanang
lan wadon melbu ing dampar rinengga, kelawan di unen-uneni gendhing
Ktw. Boyong Basuki Pl.Br (Paku Buwono
II)
5)
Sawise
acara paripurna di setelake Ayak-Ayakan Pl.Br
(PB. III), Ldr. Tedak Saking Pl.Br (PB. II) atau
Ldr. Gleyong Pl.Br
(PB. IX)
3. Ubarampe
Upacara Adat Ngundhuh Mantu
1) Sindur utawa slendang
2) Gepyokan
3) sangsangan sekar melathi lan tirta suci 2 cangkir, kang diselehake ing beri/baki.
4) Sapu cilik kanggo gepyokan
5) Keris
4. Makna
Simbolis Tata Carane Upacara Adat Ngundhuh
Mantu
1)
Wongtua
saka temanten wadon masrahake anake marang wongtua temanten lanang, lan wongtua saka temanten lanang wis
nganggep temanten wadon iku kaya anake
dhewe.
2)
Wisudha Tali dharma utawa wisudhan temanten, inti saka upacara iki yaiku
wongtua saka temanten nyanggupi yen anake wis siap omah-omah.
a.
Gendhing ladrang wilujeng lan kebo giro iku gendhing khusus kang digawe
ing acara panggih temanten utawa temu temanten.
b.
Gepyokan iku kanggo tolak bala utawa supaya lancar upacara kang dilakoni.
c.
Ibune temanten ngelap sikile temanten supaya kenceng dalane anggone
rumah tangga.
d.
Sinduran utawa slendang, wong tua mbimbing supaya temanten ora
menggak-menggok anggone rumah tangga.
e.
Keris kang diwenehake marang temanten lanang yaiku wongtua menehi
pitedah utawa senjata kanggo temanten lanang, temanten lanang kang dadi
pemimpin. Ibarat mimpin perang iku kudu nduwe senjata.
3) Pangkur Gedhong Kuning#
“singgah-singgah kala singgah, pan suminggah durga kala sumingkir, sing asirah sing asuku, sing awulu, sing abahu, sing atenggak kalawan buntut, sing atan kasat mata, mulia ing asal neki”.
“singgah-singgah kala singgah, pan suminggah durga kala sumingkir, sing asirah sing asuku, sing awulu, sing abahu, sing atenggak kalawan buntut, sing atan kasat mata, mulia ing asal neki”.
4) Temanten lanang lan wadon melbu
ing dampar rinengga, kelawan di unen-uneni gendhing Ktw. Boyong Basuki Pl.Br (Paku Buwono
II)
5) Sawise
acara paripurna di setelake Ayak-Ayakan Pl.Br
(PB. III), Ldr. Tedak Saking Pl.Br (PB. II) atau
Ldr. Gleyong Pl.Br
(PB. IX)
5. Makna
Simbolis Ubarampene Upacara Adat Ngundhuh
mantu
1
Sindur utawa slendang yaiku kanggo wongtue
temanten nuntun temanten supaya kenceng
dalane.
2
Gepyokan iku kanggo tolak bala.
3
Sangsangan sekar melathi lan
tirta suci 2 cangkir, kang
diselehake ing beri/baki kanggo mbasuh sikile temanten supaya kenceng dalane.
4
Sapu cilik
kanggo gepyokan kanggo ngresiki dalane temanten supaya ora menggak menggok
utawa supaya lancar anggone njalani rumah tangga.
5
Keris iku
senjata kanggo temanten lanang, sangu saka wongtua kanggo pitedahe temanten.
BAB
III
PANUTUP
A. Dudutan (kesimpulan)
Upacara ngundhuh mantu yaiku upacara adat jawa kang
kudu di uri- uri amarga upacara ngundhuh mantu ora bisa ditemoni ing daerah liyane
Jawa lan Negara liya nanging upacara
ngunduh mantu saiki mulai ilang amarga wong jawa saiki nalika anake mantenan
wong tuane ya melu iring iring saenggo upacara ngunduh mantu ora dilakoni
alesane kakean acara utawa repot.
Yen isih nglakoni upacara mantenan nganggo adat jawa
kang asli iku nalika iring-iring temanten wong tua ora melu ngeterke anake
nanging sawise sepasaran utawa 5 dina sawise ijapan wong tua temanten wadon
bakal mara menyang omahe besan utawa wongtua temanten lanang kanggo masrahake anake.
Miturut Ibu Marianik tujuwan saka ngundhuh mantu iku supaya temanten seneng
amarga wis resmi dadi anak utawa wis dianggep anak marang mertuane.
B. Pamrayoga (saran)
Mula
saiki tugase kita nguri – nguri upacara adat ngunduh mantu saenggo upacara adat
ngunduh mantu iku ora ilang. Carane yaiku salah sawijine ngelingne nalika ana wong duwe
gawe utawa mantu supaya upacara adat ngunduh mantu iku dilakoni. Cara liyane
yaiku nalika kita mantenan luwih becik
uga kita
ya ngelakoni upacara adat ngunduh mantu.
Apa maneh
yen kita wis ngerteni apa maknane ngundhuh mantu, tujuwane ngundhuh mantu, lan
pentinge upacara ngundhuh mantu. Muga kita bisa njaga lan budaya kita lan
nutukake budaya supaya budaya kang ana iki ora ilang luwih-luwih sampek diakoni
marang Negara liya. Yen sampek kedaden kaya mengkono iku dudu salahe Negara
kang akon-akon nanging salahe kita kebeh kang ora gelem njaga lan nguri-nguri
budaya. Mogya budaya jawa tetep jaya.
LAMPIRAN
BIODATA
INFORMAN
Asma :
Marianik
Alamat : jl.angsa
Canggu-Badas-Kediri
Panggon/tanggal
lair : Kediri, 12 Desember 1970
Profesi
: Modin Canggu
GB 1.1
GB 1.2
GB 1.3
GB 1.4
GB 1.5






Tidak ada komentar:
Posting Komentar